with java language…
Mayjend panjaitan lahir ing Balige, Tapanuli, 9 Juni 1925. Pawiyatan formal dipun wiwiti saking Sekolah Dasar, lajeng mlebet Sekolah Menengah Pertama, lan pungkasan wonten ing Sekolah Menengah Atas. Kala panjenganipun tamat saking Sekolah Menengah Atas, Indonesia taksih dipun jajah dening Jepang.
Priyagung ingkang kagungan asma komplit Donald Isaac Panjaitan, mlebet kemiliteran ing jaman penjajahan Jepang. Sesampunnipun angrampungaken latihan Gyugun, panjenenganipun lajeng anampi jejibahan dados anggota Gyugun ing Pekanbaru, Riau ngantos wekdal Indonesia mbyawaraaken kamardikan. Panjenganipun minongko salah satunggaling putra bangsa ingkang ambangun Tentara Keamanan Rakyat.
Inga TKR, panjenenganipun amiwiti karier dados Komandan Batalyon, lajeng asring pindah jejibahan. Sesampunipun Indonesia anampi pangakenan kedaulatan , panjenenganipun ka angkat dados Kepala Staf Operasi Tentara dan Teritoial I ing Bukit Tinggi. Panjenenganipun ugi nate anampi jejibahan minangko Atase Militer ing Bonn Jerman. Lan Pungkasan minongko Asisten IV Menteri Panglima Angkatan Darat, ngantos kedadosan G30/S PKI
Kasilipun Mayor Jendral anumerta D.I. Panjaitan amiyak wadi kiriman senjata saking RRC kangge PKI dalah mboten sarujukipun dumateng rencana PKI kangge ambangun angkatan 5 ingkang kasusun saking buruh lan petani. Amargi meniko panjenenganipun lajeng dados musuhipun PKI ngantos sedanipun rikolo peristiwa G30/S PKI.